Komentar Terbaru

Pahlawan




Karanganyar, 10 November 2018 
A.N. Setiawan


sapa waé sing gawéané nglawan sipat ala 
sapa waé sing nduwèni watak utama

sliramu iku pahlawan sing sejati 
tansah waspada lan ngati-ati 
éling satengahing éling

saben dina ora kendhat nandur kautaman 
lan ora pernah ngundhuh tanduranmu dhéwé

kaya wit jati sing mbok tandur nèng kebonmu kaé 
anak putu sing bakal nikmati kamulyanmu 
sliramu pancèn pahlawan


0 komentar:

Post a Comment

Instagramku