Komentar Terbaru

Tresna Kaping Pisan



Karanganyar, 8 November 2018
A.N. Setiawan


taksebut jenengmu paling éndah
ing antaraning kaéndahan-kaéndahan

kembang mawar kang megar ing pelataran
kembang kenikir kang tansah dhikir
sisa-sisa banyu udan wingi bengi kang nètès
lan embun-embun kang bening

taksebut jenengmu paling éndah
ing antaraning ati lan lathi




0 komentar:

Post a Comment

Instagramku